Selasa, 16 Februari 2016

Sesorah Basa Jawa

Kali ini saya akan membagikan sedikit contoh teks sesorah basa jawa tentang hari kamardikan RI. Berikut ini contohnya:


SESORAH BASA JAWA
“ PENGETAN DINTEN KAMARDIKAN “

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Alhamdulillahirabbil’alamin
Allohummasholi’ala syaidina Muhammad wa’ala alihi washobihi ajma’in amaba’du

Wonten ngarsanipun para pepunden, sesepuh saha pinisepuh ingkang pantes pinundi saha kinabekten.
          Wonten ngarsanipun pangemban pangembating praja, satriyaning nagari ingkang dahat sinudarsana
          Wonten ngarsanipun sagung para rawuh, para lenggah bapak/ibu ingkang kita urmati.
          Kadang mudha taruna ingkang nembe hamregut kanawung krida ingkang kita tresnani.

          Langkung rumiyin sumangga kita nderekaken tansah ngaturaken sembah puji syukur kunjuk ngarsa dalem Allah SWT , ingkang sampun paring mapinten pinten karohmatan lan kanikmatan, dhateng kita sedaya kacihno, wonten ing wekdal menika kula, panjenengan saged kempal manunggal pinaringan widodo wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.
          Shalawat serta salam mugi tansah katetepno dumateng panjenengan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang tansah kita antu antu paringipun syafa’at wonten ing yaumil qiyamah, Allahumma amin
          Sagung para rawuh saha para lenggah ingkang winantu sagunging pakurmatan.
          Kepareng munggel pangandikan sawetawis, nun inggih kepareng kula matur, amakili sedaya kadhang panitya pangetan dinten kamardikan nagari RI
          Kaping sapisan, ngambali atur, ngaturaken sugeng rawuh, sinartan agunging panuwun, ingkang tanpa pepindha, dene panjenengan sedaya sampun kersa danganakaken penggalih, nglunggarakaken wekdal, rawuh wonten mriki saperlu sareng sareng mengeti dinten kamardikan nagari RI.
          Kaping kalih, ngaturaken agunging panuwun dhumateng bpk/ibu ingkang sampun paring pambyantu punapa kemawon kagem rancag lancaring adicara menika, mugi mugi amal kesaenan panjenengan sedaya kareken dados ngamal sholeh, pikantuk lelintu ingkang langkung kathah.
          Kaping tiga, ing mbok bilih kula sakanca panitya anggenipun nampi rawuh panjenengan saha caos papan panglenggahan, langkung langkung pasugaten, kathah kekirangan lan kelepatan, kula nyuwun pangapunten.
          Wekasan kula sakanca nggadhahi pangajab mugi mugi kanthi pengetan dinten kamardikan negari Indonesia punika para warga ing dhusun punika sangsaya gotong gilig manunggalaken tekad saiyeg saekapraya, gotong royong, bantu binantu mbangun dhusun tumuju raharjaning warga.
          Mekaten ingkang saged kula aturaken amakili para kadang panitya. Saestu atur kula kathah kalepatan saha patrap ingkang kirang cundhuk kaliyang rehing tata karma kula nyuwun agunging samudra pangaksama.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh
 
 

0 komentar:

Posting Komentar

 

AL. Template by Ipietoon Cute Blog Design and Bukit Gambang